GUSTI NUNTUNA KAWULA - KPK 111

Gusti Nuntuna Kawula - KPK 111

Lagu Asli: Pass Me Not, O Gentle Savior (Mampirlah Dengar Doaku)
Syair: Frances J. Crosby, 1868
Musik: William H. Doane, 1870
Alih Bahasa: N.N.

Gusti mugi sampun ngantos nilar kawula
kawula tansah ngraosna berkah Paduka, → Ref. 
    
    Refren:
    Gusti mugi nuntun kawula
    kawula tansah ngraosna berkah Paduka.

Gusti mugi myarsakaken pasambat kula
sinten malih ingkang dadya pangungsen nyata, → Ref. 

Nggen kula darbe panyuwun mung sih Paduka
ingkang kula damel uger miwah landhesan, → Ref. 

Gusti mugi amirsani tyas kula trenyuh
mugi Paduka jampeni sageda teguh, → Ref. 

Gusti tuking sagung lipur mugi nglipura
manah kula kang kawratan dening cintaka, → Ref. 

Aneng donya wah neng swarga kula tan darbya
andel-andel Ian pikekah namung Paduka, → Ref. 

----------------------------------------------
Download Partitur SATB Notasi Angka di sini:

Komentar